Lyrics

Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul Petruk bingung ngekep bojone Pikiran nglamun mikir gendakane Pancen kadhung rusak negarane Mula aja gumun nek rakyate kere Nek wong sugih le gendakan ning hotel sing larang Bermain cinta lupa daratan ra konangan Nek wong kere le gendakan ning hotel murahan Durung nganti anget keno razia kisinan Nek wong gedhe konangan selingkuh malah kondang Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang Opo koyo ngene jeneng negara berjuang Segala sesuatu ditentukan dengan uang Podho-podho gendakan hukume dhewe-dhewe Pancen hukum kui gendakane wong-wong gedhe Wong cilik kerjo sengsoro ningo tetep kere Wong gedhe kemaki urip sak karepe dhewe Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan Koalisi politike mung perselingkuhan Beras larang, minyak mundhak ra karu-karuan Politike nglambrah mung ribut ngurus gendakan Mulo ojo munafik kaya wong-wong politik Dadio wong seni, kritis peduli ro wong cilik Wong politik munafik, ra gelem nompo kritik Geleme nompo duit cacahe ra sethithik Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul Ono kancaku pelukis kluyuran bengi-bengi Pamite lungo jare arep golek inspirasi Neng ndalan ketemu karo temon bodhine seksi Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi Bar digambar temone seneng ora karuan Saking senenge nganti gelem dijak kelonan Cepet-cepet gage dho golek hotel murahan Lagi krusak-krusek la kok yo ono gropyokan Sing nggropyok polisi numpak pick-up bakul kursi Tanpa basa-basi kabeh kamar disatroni Banjur dilumpukke dho kon antri siji-siji Kabeh digeledah nek ono sing nyolong wadi Polisi muni, "Anda telah berbuat royal" Itu artinya anda sudah melanggar moral Pelukise takon opo moral iku mural Nek cen kui aku ngerti, ayo gek ndang budhal Moral itu adalah tata susila Siapa yang melanggar akan kena razia Pelukise takon opo to tata susila Opo podho karo wanita tuna susila Polisine muni, "Kepiye nek damai wae?" Damai kui artine wani piro mbayare Pelukise nyaut durung perang kok wis damai Wong durung telanjang lha kok wis digawe rame Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul Akale wong lanang nek dolan ning Pasar Kembang Gawe alasan golek aman ben ra konangan Politik saiki cen seneng maen belakang Njabane resik njebul jerone selingkuhan Lumpur Lapindo metune soko Sidoarjo Bojo loro kabeh kok seneng nggodho Wis merdeka sih ono kumpeni Londo Nembaki rakyat, rakyat neng alas Tlogo Nganggo tengtop mlaku ning Pasar Bantul Sangu kates, katese mental-mentul Rakyat ditembak, ditembak betul-betul Tapi jare kena peluru mantul Buah Langsep tuku regane larang Montore nyungsep, nyungsep ning njero kotang Negoro lemes mergo kakehan utang Bandhane ludes, le nilep podho ilang Manuk Podhang mabur mlebu kurungan Gage dikancing nganggo gembok kuningan Ra entek-entek lehku seneng gendakan Nganti modyar, nganti tekan kuburan Kadhung remen ceweke Cak Paimo Cekap semanten niki atur kawulo Ono kupat kecemplung ning njero santen Menawi lepat kawulo nyuwun ngapunten Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul Pak Dul sirahe gundhul Tuku rokok neng Pasar Sentul Arepo silul kudu wani cucul Ora cucul ora ngebul
Lyrics powered by www.musixmatch.com
instagramSharePathic_arrow_out