Lyrics

Janji, janji, janji, marang awakku Nyatane mung palsu, palsu, soko lambemu Sak jane aku ngerti kowe kuwi mung ngapusi Nanging opo awak iki Iseh tresno setengah mati Aduh puyeng sirah iki mubeng ra karuan Mikirke kowe Cah Bagus sing gawe pikiran Nengopo kok koyok ngene? Ben dino tok sepeleke Opo ora mikir kowe ki sing tak tresnani? Opo uwis lali kowe ki sing tak enteni? Nanging kabeh janji kuwi wes ora terbukti Mung larani ati, pasrah karo Sang Ilahi Wes cukup, cukup, cukup Anggonmu leh sandiworo Nek pancen ra tresno, tresno, luwih becik kowe lungo Ra iso tepo sliro, nggawe atiku nelongso Mendhing pedhot wae Golek tresno sing liyane Aku trimo pedhot senadyan rasane abot Wes bacut kuciwo amung gawe aku loro Ati wes ra biso neruske dalane crito Marang kowe Cah Bagus mergo janji palsumu Wes cukup semene anggonku nyanding awakmu Senadyan roso tresno isih ono neng sliramu Sak iki kowe lungo soko adoh ing mripatku Aku kudu kuat senadyan pisah ro awakmu Ibarat tibo tasih ketiban ondo Wes loro tambah disio-sio Opo kowe kuwi wes ora mikir Timbang ngerasake tresnomu Aku trimo sumingkir Janji, janji, janji, janji, marang awakku Nyatane mung palsu, palsu, soko lambemu Sak jane aku ngerti kowe kuwi mung ngapusi Nanging opo awak iki Iseh tresno setengah mati Wes cukup, cukup, cukup Anggonmu leh sandiworo Nek pancen ra tresno, tresno, luwih becik kowe lungo Ra iso tepo sliro, nggawe atiku nelongso Mendhing pedhot wae Golek tresno sing liyane
Lyrics powered by www.musixmatch.com
instagramSharePathic_arrow_out